HOME / NEWS

Ayo Rek Mangan Gerudukan Nang Hotel Surabaya Suites

Food & Beverages

/ 2024-04-09

Ayo Rek Mangan Gerudukan Nang Hotel Surabaya Suites
Surabaya -(Pawarta Jatim) Lekone mangan kikil, karo ndas iwak bareng dulur utowo konco.

Hotel Surabaya Suites sing manggon nang dalan Plaza Boulevard, nduwe panganan kondang sing jenenge Sego Goreng Jancuk tapi luweh Jumbo Cak, singkatane Sego Goreng JK. Panganan teko beras sing rasane pedes nampol Iki wis suwe dadi ikon hotel, pokok'e lek eling Hotel Surabaya Suites mesti eling karo Sego Goreng JK.

Saiki nang Surabaya Suites gak cumak ono Sego Goreng JK, tapi wis 
onok panganan liyane, yo iku Gule Kokot, Kesrut Endase Iwak, Uwang Iwak Tuna, Mie Tronyok, karo Mie Jemblung.

Mergo panganan iki ukurane gede, luwih enak dipangan gerudukan, utowo dipangan bareng wong akeh. 
Kokot utowo kikil sapi masio siji tapi ukurane  gede, isok digawe mangan wong papat, sumsume biasane digawe rebutan, suasana dadi rame nambah guyub.

Panganan Kokot Sapi nang hotel ngarepe WTC Iki rasane empuk enak nemen, iku ngono mergo nggarape suwi kudu telaten,  sikil dapi mari diobong, diilangi wulune, diumbah resik, digodok sampek telung jam, maringono dibumboni karo bumbu rempah sing akeh maceme.

" Lek Endase Iwak  ukurane gede, abote 1.3 kilo," jare Executive Chef Hotel Surabaya Suites, Danang Lukita nang Pawarta Jatim.Com, Jumat (5/4/2024)

Mari mangan Endas Iwak, Kokot Sapi Uwang Tuna, terus  ISO nyoba Mie Tronyok sing rasane pedes utowo Mie Jemblung sing rasane gak pedes.

Kanggo tamu teko sing kepingin ngombe, wis disediani omben-omben jenenge Citrus sing rasane seger, digawe teko, banyu, sirup, soda, lemon.
Omben-omben sing dicepak'i sak ceret iki isok digawe ngimbangi panganan sing akeh santen iku.

Regane panganan iki lumayan murah, Sego Goreng diregani cumak Rp 315.000, Kesrut Endase Iwak Rp 195.000, Uwang Tuna Rp 180.000, Mie Tronyok Rp 215.000, Mie Jemblung Rp 308.000.

" Kanggo tamu sing isok ngentekno paket menu mangan gerudukan Ijen, waktune 20 menit, gak usah mbayar," Chef Danang nerangno.

Mangan Gerudukan mulai dibukak tanggal 20 April 2024 sampek 31 Mei 2024, pas dino ulang tahune Suroboyo.

"Kanggo tamu sing teko Isok oleh kupon undian sing hadiahne  arloji," Danang nambahi. (nanang)


Penulis  ( Nanang Sutrisno )